Thursday, November 13, 2014

KUMPULAN PRANOTO ACORO


TEMA HALAL BI HALAL
Assalamu’alaikum wr wb
Ø  Wabil muqodimah, hadrotul muhtaromin poro alim ulama ingkang tansah kulo toati.
Ø  Wabil khusus panjeneganipun Bp K.H………………………….ingkang kito tenggo-tenggo fatwa lan nasihatipun
Ø  Poro bapak, poro ibu, hadirin kakung sumowono putri ingkang dipun mulyaaken Alloh  SWT.
Sumonngo kito tansah ngunjuaken raos puja lan puji syukur wonten ngerso dalem Alloh SWT. Ingkang sampun paring pinten-pinten kenikmatan dumateng kito sedoyo, khususipun nikmat iman lan islam.
Sholawat soho salam mugiyo tansah kaatur dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW. Ingkang kito antu-antu syafaatipun benjang wonten yaumul qiyamah
Poro hadirin ingkang kinurmatan. Wonten mriki kulo ingkang kajibah minangkani pranoto acoro, badhe ngaturaken reraciing acoro hala bi halal :
Ø Sepisan pembikaan
Ø Kaping kalih waosan ayat suci Al-Qur’an
Ø Adicoro ingkang kaping tigo atur pambagyo utawi sambutan
Ø Adicoro nomer sekawan inggih puniko mauidhotul khasanah
Ø Adicoro pamungkas  nun ingih do’a penutup
Mekaten kolo wau reraciing adicoro wonten ndalu meniko. Sumonggo iftitahul majlis ocoro wonten ndalu meniko kito bikak kanti waosan surat Al-Fatikhah, ingkang pimpinanipun kasuwunaken dumateng Bp K.H …………………………wekdal lan panggenan kulo sumanggaaken….
Matur sembah nuwun kulo aturaken, mugiyo kanti waosan surat Al-Fatikhah, acoro halal bi halal saget lumampah kanti lancer. Amin…
Adicoro  selajiengipun  waosan ayat suci Al-qur’an ingkang badhe kaslirani penjeneganipun ustad……… dumateng panjenenganipun kasumanggaaken.
Poro hadirin ingkang kinurmatan, adicoro ingkang kaping tigo nun inggih atur pambagyo utawi sambutan.
Sambutan ingkang sepisan sangking ketua panitia halal bi halal. Dumateng panjeneganipun ustad………… dipun sumanggaaken kanti hormat.
Sambutan ingkang kaping kalih sangking sohibul bait, dumateng BP……………… wekdal soho panggenan kulo sumanggaaken.
Poro hadirin ingkang kinurmatan  acoro ingkang ongko sekawan  inggih meniko adicoro inti, mauidotul khasanah ingkang badhe dipun aturaken  deneng panjenenganipun Bp K.H,…………………… wekdal soho panggenan kulo sumanggaaken…..
Mugi-mugi kanti uraian mauidotul khasanah kolo wau, kito sedoyo waget mendet hikmah kangge ningkataken iman lan takwo kito ,amin ya robbal alamin.
Poro bapak poro Ibu ingkang kinurmatan. Adicoro ingkang pamungkas inggih meniko do’a penutup, ingkan badhe kaslirani panjeneganipun ustad,………..ananging sakderengipun kulo minangkani pranoto acoro sangking awal ngantos akhir anggenipun mimpin acoro katah kelepatan lan kekirangan, kulo nyuwun agunge samudro pangaksomo.
Wabilahitaufiq wal hidayah wassalamu’alaikum wr wb


 Muhammad Mabrur