TEMA HALAL BI HALAL
Assalamu’alaikum wr wb
Ø Wabil
muqodimah, hadrotul muhtaromin poro alim ulama ingkang tansah kulo toati.
Ø Wabil
khusus panjeneganipun Bp K.H………………………….ingkang kito tenggo-tenggo fatwa lan
nasihatipun
Ø Poro
bapak, poro ibu, hadirin kakung sumowono putri ingkang dipun mulyaaken Alloh SWT.
Sumonngo kito
tansah ngunjuaken raos puja lan puji syukur wonten ngerso dalem Alloh SWT.
Ingkang sampun paring pinten-pinten kenikmatan dumateng kito sedoyo, khususipun
nikmat iman lan islam.
Sholawat soho
salam mugiyo tansah kaatur dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW.
Ingkang kito antu-antu syafaatipun benjang wonten yaumul qiyamah
Poro hadirin
ingkang kinurmatan. Wonten mriki kulo ingkang kajibah minangkani pranoto acoro,
badhe ngaturaken reraciing acoro hala bi halal :
Ø Sepisan
pembikaan
Ø Kaping
kalih waosan ayat suci Al-Qur’an
Ø Adicoro
ingkang kaping tigo atur pambagyo utawi sambutan
Ø Adicoro
nomer sekawan inggih puniko mauidhotul khasanah
Ø Adicoro
pamungkas nun ingih do’a penutup
Mekaten
kolo wau reraciing adicoro wonten ndalu meniko. Sumonggo iftitahul majlis ocoro
wonten ndalu meniko kito bikak kanti waosan surat Al-Fatikhah, ingkang
pimpinanipun kasuwunaken dumateng Bp K.H …………………………wekdal lan panggenan kulo
sumanggaaken….
Matur
sembah nuwun kulo aturaken, mugiyo kanti waosan surat Al-Fatikhah, acoro halal
bi halal saget lumampah kanti lancer. Amin…
Adicoro selajiengipun
waosan ayat suci Al-qur’an ingkang badhe kaslirani penjeneganipun
ustad……… dumateng panjenenganipun kasumanggaaken.
Poro
hadirin ingkang kinurmatan, adicoro ingkang kaping tigo nun inggih atur
pambagyo utawi sambutan.
Sambutan
ingkang sepisan sangking ketua panitia halal bi halal. Dumateng panjeneganipun
ustad………… dipun sumanggaaken kanti hormat.
Sambutan
ingkang kaping kalih sangking sohibul bait, dumateng BP……………… wekdal soho
panggenan kulo sumanggaaken.
Poro
hadirin ingkang kinurmatan acoro ingkang
ongko sekawan inggih meniko adicoro
inti, mauidotul khasanah ingkang badhe dipun aturaken deneng panjenenganipun Bp K.H,…………………… wekdal
soho panggenan kulo sumanggaaken…..
Mugi-mugi
kanti uraian mauidotul khasanah kolo wau, kito sedoyo waget mendet hikmah
kangge ningkataken iman lan takwo kito ,amin ya robbal alamin.
Poro
bapak poro Ibu ingkang kinurmatan. Adicoro ingkang pamungkas inggih meniko do’a
penutup, ingkan badhe kaslirani panjeneganipun ustad,………..ananging
sakderengipun kulo minangkani pranoto acoro sangking awal ngantos akhir
anggenipun mimpin acoro katah kelepatan lan kekirangan, kulo nyuwun agunge
samudro pangaksomo.
Wabilahitaufiq
wal hidayah wassalamu’alaikum wr wb
Muhammad Mabrur

No comments:
Post a Comment